Assalamu’alaikum Warohmatulohi Wabarokatuh
Alhamdulilahirobil’alamin wasolatuwasalam ‘ala asrofil ambyai warmursalin wa ‘ala alihi wasobbihi azmain
Robil sohri sodri wayas sirli amri wahlul mugdata mini sani yakouhu kauli Ama ba’du
Ingkang kulo urmati Bapak Kepala Sekolah SMAN 1 Bawang, Ingkang kulo urmati ugi Bapak/Ibu Dewan Guru soho Staf Karyawan Toto Usoho, sarto sakonco poro kadang siswa-siswi SMAN 1 Bawang kang mugio dipunmulyaken dening Allah SWT.
Saderengipun kulo matur, sumonggo kito sedoyo sesarengan manjatake syukur alhamdullilah dening Allah SWT dumugi dinten meniko kito sesarengan tasih dipun paringi manah ingkang gumregah lan ugi mapinten-pinten kenikmatan,inggih meniko nikmat sehat, sempat. Mboten kesupih ugi nikmat islam soho iman saterasipun kito sedoyo tansah saged rawuh wonten mriki, bermuajahah, lan kempal wonten acoro
“Optimalisasi Perangan Pemuda Anuju Rembaka Budaya batik Ing Kabupaten Banjarnegara.”
Mboten kesupih ugi solawat soho salam mugio tansah kontuk lan konjuk dumateng junjungan Nabi Agung kito, Nabi Muhammad SAW, ugi poro kaluargo, sohabat, lan sakabeh poro panderekipun engkan diantuk-antuk syfaatipun ing yaumul kiamah mbenjing.
Sakatahe poro rawuh.., kedah kito mangertosi batik inggih meniko salah sawajining iguh pendamelan bakalipun gringsing lan ageman utawi tradisi turun-pinurun kang wenehi corak-corak khas wonten ing bakal utawi ageman kolo wau. Miturut Departemen Kebudayaan batik meniko saged anuju marang kalih perkawis. Engkang kawiwitan inggih meniko pandamelan bakal batik migunaake bahan malam supados ngilari kalepatan pandamelan bakal kang gadah tingkat kaweratan. Miturut literatur internasiona, pendamelan batik meniko dipun koluk kalian asmi Wax Resist Dyeing. Kaping kaleh inggih meniko kain engkang dipundamel migunaake motif-motif: kembang, kewan-kewan, lamuk lan sanesipun. Ing Internasional budaya batik sapun koluk ing mripat Wisatawan manca sahinggo saking badan PBB engkang terjun wonten babagan budaya inggih meniko UNESCO sampun netepake batik niku warisan budaya lisan lan nonbedawi leluhur kapengker awit 2 Oktober 2009.
Wonten ing Kabupaten Banjarnegara, batik kondang inggih meniko batik gumelem. Awit wontene Industrialisasi lan Globalisasi, saniki batik saged dipunkemas arupi-rupi. Yen zaman disik batik sekatahane niku wernine ngangge werni coklat, saniki batik disajeake werna-werni : abang, ijo, kuniong,wungu, lan sanesipun. Liwat optimalisasi, batik modern lan enggal kathah wonten ing pasaran inggih meniko :batik cap, batik cetak, batik tulis ugi mboten dados ageman engkang kuno.
Corak batik lan wernine saugeme dipunandari dening babayan asing ing zaman kerajaan lan penjajah. Awiwitipun, batik kagungan ragam corak lan werni sakedik lan ing zaman disik kedah saged dagem kaum Bangsawan mawon. Nanging batik pesisir saged nyerap gegayutan asing kados dene tiyang sesadeyan asing lan ugi penjajah utawi kaum peneko. Werni-werni kados abang dibekto dening tiyang Tionghoa, engkang duweni corak maqnuk merak. Tiyang Eropa ugi mbekto aruh-aruh corak batik kembang tulip, lan ugi sepur jaran engkang nate dipunwernani biru utawi ijo. Ing tlatah Indonesia ageman batik sampun dagem dening pejabat soho menteri wektu Orde Baru. Batik ugi dagem dening siswa sekolah lan pegawai korpri. Yen menawi pegawai swasta dageme ing dinten kamis utawi jum’at.
Mbalik malih teng batik Gumelem.., ing Banjarnegara batik Gumelem tumprap kulo niku saged menehi dalan-dalan padang kangge pengangguran khususipun. Saniki satunggal batik ageman batik saged manggih Rp. 200.000,00. Yen kasempatan meniko dipunmangertosi saged ndadosaken drajat adipura Banjarnegara ing Provinsi utawi tlatah jawi.
Batik gumelem meniko pusat pandamelane wonten ing Kecamatan Susukan, kang miturut rerasan wonten padesan kang khusus ndamel lan ngauri-uri batik Gumelem. Pramilo monggo kangge ngauri-uri lan ngayomi budaya batik khususipun ing Kabupaten Banjarnegara kangge generasi penerus bangsa sapun sepatute dituntut kangge ngauri-uri lan ngayomi budaya batik.
Saliyane batik Gumelem wonten malih batik kang terkenal ing Indonesia, inggih meniko : Batik Tiga Negeri, Jawa Hokokai, Buketan Pekalongan, Lasem, Batik Keraton lan sanesipun. Batik kolo wau ugi kagungan kebentenan piyambak-piyambak yen amargi kito prikso batik Gumelem ugi kagungan kebentenan ingkang khas. Batik Gumelem luwih nyondong ing corak titik-titik enhakanh katah lan alit-alit. Batik Gumelem luwih condong ngangge werni andasar kuning lan coklat wonten ing kain utawi ageman. Batik Gumelem pandamalanipun saged migunaake coro batik tulis, cap, saring, lan terap. Nanging batik Gumelem enkang duweni regi lan nilai inggil inggih meniko batik tulis amargi migunaake coro manual lan ketlatenan kang kawentar. Wekdale ugi tansah wilujeng kurang luwih 2-3 wulan. Sakedik gancaran batik meniko miturut entimologi kagawe saka 2 untab ingghih meniko amba lan nitik kang duweni babad arupi-rupi. Amba meniko antawis kain ombo lan dowo lan diwenehi corak werni-weni.
Pramilo monggo ing wonten acoro anguri-uri batik meniki monggo kito lestariake batik ing mripat International, lan anjagi amargi batik meniko warisan babad kapungkur
Mekaten…, mugi-mugi rawuhe panjenengan ing mriki saged awehi semangat kangge gayug budaya batik lan rawuhe panjenegan ing mriki dipunmulyaken dening Allah SWT.
Amin…..,saking kulo cekap semanten menawi katah kelepatan lan klenta-klentune kulo nyuwun pangapunten
Billahi taufik Wal hidayah
Wasalamu’alaikun Wr.Wb
Senin, 16 November 2009
Jumat, 13 November 2009
pidato bahasa jawa
pidato adalah sarana untuk menyampaikan informasi kepada publik atau hanya untuk hibura. pidato bahasa jawa di bagi menjadi:
1. Argumentatif
2. Ekpositoris
3. informatif.
1. Argumentatif
2. Ekpositoris
3. informatif.
Langganan:
Komentar (Atom)